Syukuran
anggene lulus sekolah.
Assalamualaikum Wr. Wb
Ingkang minulya Bapak Kepala SMP N 1
Prambanan, ingkang kinurmatan Bapak Ibu guru kaliyan karyawan saha Bapak
Ibu wali murid , para kanca ingkang sutresna.
Saderengipun, mangga kita ngaturaken
puji syukur dumatheng Allah SWT, ingkang sampun maringi kasarasan, rahmat lan
hidayah dumatheng panjenengan saha kula. Kita saged ngrawuhi acara perpisahan
kaliyan syukuran punika.
Jumeneng wonten ngajengipun
panjenegan punika, kula makili kanca-kanca kelas IX badhe ngaturaken rasa
syukur dumatheng Allah SWT amargi kula sakanca sampun LULUS saking SMP N 1
Prambanan kalian biji ingkang sae. Ugi, kula sakanca badhe ngaturaken rasa
matur nuwun kula sakanca dumatheng Bapak Ibu guru ingkang sampun paring
pambiyantu, pitedah, saha wewarah ing babagan ilmu keterampilan, sarta
kewasisan menapa kemawon dumatheng kula sakanca kanthi eklasing manah, kita
saged LULUS kalian biji ingkang sae. Samenika biji terendah 36.00 lan tertinggi
39.90 SMP N 1 Prambanan saged nglulusaken siswa siswinipun kanthi 100%. SMP N 1
Prambanan saged dados ranking 1 sa-Kota Klaten lan sa-Provinsi Jawa Tengah.
Boten kesupen kula sakanca ugi
nderek ndedonga, mugi-mugi sadherek kula kelas IX saged ketampi wonten SMA
utawi SMK ingkang dipun remeni. Amin.
Minangka panutupan atur, kula
sakanca nyuwun pangapunten bilih kula sakanca kagungan kalepatan dumatheng
Bapak Ibu guru saha karyawan, kita nyuwun pangapunten sanget.
Samenika aturan kula, minangka
wonten kalepatan kula nyuwun panghapunten. Matur nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar